ABDUL HAMID MUDJIB HAMID BERSHOLAWAT

Rabu, 27 Desember 2017

Mengajarkan Satu Ayat Al-Qur'an & Pembebasan Dari Neraka

*Agungnya Ayat Al-Qur'an, Sehingga Pahala Mengajar&Mempelajarinya juga Agung, Bahkan Mengajarkan Satu Ayat Al-Qur'an Dapat Membebaskan Dari Neraka*
Mau’idzoh Hasanah Romo *KH Muhammad Ulin Nuha Arwani* dalam Acara Peresmian Gedung SMPQT Yanbu’ul Qur’an 1 Pati (6 Juli 2017)

_Assalamu’alaikum Wr. Wb._

Alhamdulillahi robbil ‘alamin, wabihi nasta’inu ‘ala umurid dunya wad-din was-sholatu was-salamu ‘ala asyrofil mursalin, sayyidina wa maulana muhammadin, wa ‘ala alihi washohbihi ajma’in, amma ba’du.

Dumateng ingkang minulya, Bapak Bupati Pati lan sedaya tamu-tamu undangan ingkang kawula boten saged nyebat setunggal-setunggalipun. Langkung rumiyin, kita tasyakur dumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala, ingkang sampun paring pinten-pinten ni’mat, rahmat, fadhal kanugrahan dumateng kita sedaya, ingkang antawisipun kita kaparingan ni’mat shihah wal afiyah, sahingga kanthi pinten-pinten ni’mat kasebat, wonten ing wekdal enjang menika, kita saged sareng-sareng ndherekaken upacara peresmian/pembukaan Pondok Tahfidh Yanbu’ul Qur’an 1 lan SMPQT 1 Pati, ingkang mugi-mugi wontenipun pendidikan menika dipun paringi berkah manfaat dening Allah SWT. Amin allahumma amin.

Kepareng matur, Rasulullah SAW dhawuh:
مَنْ عَلَّمَ وَلَدَهُ أَيَةً مِنْ كِتَابِ اللهِ، كَانَ لَهُ أَجْرُهَا حَيْثُ مَا تُلِيَتْ، وَكُتِبَ لَهُ بَرَاءَةٌ مِنَ النَّارِ، وَكَذَا الْمُؤَدِّبُ الَّذِيْ عَلَّمَهُ إِيَّاهَا
Ingkang surahosipun: “Sapane wong muru’i sak ayat wae sangka kitab al-Qur’an, mangka wong mau diparingi ganjarane ayat al-Qur’an sing dipun pelajari. Lan dheweke dibebasake sangka geni neraka. Semono uga pendidik/gurune sing mulang ayat-ayat al-Qur’an maring bocah sing ngaji mau.”

Artosipun, dados menawi wonten tiyang sepuh ingkang purun mucal putranipun piyambak sak ayat saking kitab al-Qur’an, menika menawi saged mucal piyambak, dene boten saged mucal piyambak dhateng putrane, senahosa namung sak ayat saking al-Qur’an, selajeng dipun wakilaken dhateng guru ingkang saged mucal al-Qur’an, menika inggih sami “man ‘allama waladahu ayatan min kitabillah”. Lha menawi wonten tiyang sepuh purun muru’i, mucal dhateng putrane, utawi makilaken mucal putranipun, dipun purih ngaos ayat-ayat al-Qur’an, menika dipun paringi ganjarane ayat-ayat al-Qur’an ingkang dipun pelajari dening putranipun kala wau. Lha nek pancen boten saged mucal piyambak, dipun wakilake dhateng guru ingkang mucal al-Qur’an, semanten ugi guru ingkang makili mucal putranipun sedherek kala wau inggih dipun paringi ganjarane ayat-ayat al-Qur’an ingkang dipun pelajari kala wau. Ganjarane napa? Ganjaranipun ayat-ayat al-Qur’an inggih menika dipun paringi istilahe wonten hadits menika “hasanah”  (kesaenan).

مَنْ قَرَأَ أَيَةً مِنْ كِتَابِ اللهِ، كَانَ لَهُ بِهِ حَسَنَةٌ، وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا. لَا أَقُوْلُ أَلـَـمَّ حَرْفٌ، وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ، وَ لَامٌ حَرْفٌ، وَ مِيْمٌ حَرْفٌ.
Ingkang surahosipun: “Sapane wong sing gelem ngaji ayat-ayat al-Qur’an, mangka wong mau diparingi ganjaran siji hasanah, padahal ganjaran siji iku ora namung apa anane setunggal kala wau diparingake, namung dipun ditikelake sedasa tikelan. Terasipun dhawuhe kanjeng Nabi, aku ora matur nek ayat alif lam mim iku namung sak huruf, tapi alif lam mim iku alif sak huruf, lam sak huruf, mim sak huruf.

Dados ngaos ayat alif lam mim menika berarti maos ayat al-Qur’an tigang huruf. Ing mangka setunggal huruf kala wau dipun paringi tikelan sedasa kali kesaenan, dados ganjarane maos/ngaos ayat alif lam mim menika tigang dasa tikelan. Menika kemurahanipun Allah SWT ingkang paring piwales kesaenan dhateng tiyang ingkang purun ngaos. Padahal alif lam mim menika menawi cara tajwid (tajwid menika ngilmu carane maca al-Qur’an) menawi wonten kalimah alif lam mim menika anggenipun maos kedah dipun waos mad (dipun waos panjang). Dados alif lam mim dipun waos panjang, lam-e panjang, mim-e panjang. Padahal menawi dipun itung secara tiyang ahli matematika, nek sami-sami ngumpulake ganjaran, inggih wau alif-e sampun dipun tikelake sedasa, lam-e menika sedasa, dipun waos tigang alif berarti tigang dasa, tigang dasa kali tigang dasa, mim-e inggih semanten ugi, lajeng jumlahe pinten, kula boten ahli matematika terus boten saged njumlah. Mangga niku jumlah. Niku nembe sak ayat saking kawitan surat yang kedua dari kitab al-Qur’an. Napa malih menawi purun ngaos kalih ayat, tigang ayat, sekawan ayat ngantos sak khatamipun. Jane nggih ngaos al-Qur’an menika boten ngganggu wekdal mestinipun. Kula nek maos al-Qur’an sak juz niku seprapat jam, umpami didamel glathuk-glathuk sakjuz niku sakjam upami, ‘kan tesih 23 jam. Kangge ngantor 6 jam ngoten ‘kan tesih turah kathah kangge maos Qur’an. Lha niki faidahe tiyang ingkang purun ngaos al-Qur’an.

Kejawi mekaten, wau dipun lajengake teng nggene hadits dhawuhe Rasulillah “wa kutibalahu baro’atun minannar,”  tiyang ingkang purun mucal putrane ngaos al-Qur’an, utawi guru ingkang makili mucal al-Qur’an dhateng putrane tiyang sepuh ingkang makilake ngaos kala wau, ditetepake wilujeng sangking geni neraka. Ing mangka benjang teng nggene akhirat menika boten wonten panggenan kecuali namung werni kalih, nek boten teng neraka, nggih teng suwarga. Boten saged separo teng neraka separo teng suwarga. Nek mpun dipanggenake Allah teng nggene suwarga, nggih mboten badhe teng neraka. Tiyang ingkang purun mucal putrane utawi makilake mucal putrane menika dipun tetepake wilujeng saking geni neraka. Berarti otomatis benjang munggah teng suwarga. Kepinuke ngoten kok ngaji namung seprapat jam mawon kok roso-roso.

Jam kantor niku paling jam 7 nggih. Jenengan ngaos sak ayat mawon seprapat jam umpami, kangge tindak teng nggene kantor tigang prapat jam dak mpun dugi. Napa malih sakniki kan mesti wonten mobil dinas, kan boten usah mlampah. Nek ndhek riyin nalika Kanjeng Nabi berjuwang ngoten nika nggih, nek boten mlampah nggih numpak unta. Tiyang menawi nitih unta kan glathuk-glathuk boten tutug-tutug. Seprapat jam boten saged dugi kantor.

Mila saking menika mangga putra-putra santri ingkang siap badhe ngaos ampun alit manah. Semanten ugi tiyang sepuhipun ingkang kepingin ngaosaken putranipun teng pondok pesantren niki ampun alit manah. Menika dhawuh ingkang kula aturake dhawuhe Gusti Rasul. Gusti Rasul menika shodiqul mashduq, boten mbodhoni utawi boten ngapusi, ingkang leres tur dipun leresake dhawuhipun. Mila dhateng calon santri utawi wali-wali santri ampun alit manah. Saged ta ingkang saestu anggenipun belajar, anggenipun sinahu, sahingga mangke kejawi sampun saged rampung ngaos al-Qur’anipun, saged dipun lajengaken pendidikan-pendidikan ilmu-ilmu yang lain.

Teng Kudus, teng pondok anak-anak niku dalam jangka 2 tahun wonten ingkang sampun khatam. Lha niki kan boten dangu wekdalipun. Napa malih Allah SWT sampun jamin,
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُدَّكِرٍ
Ingkang surahosipun: “yekti temen wus tak gampangake al-Qur’an kanggo ginawe ngaji, kari sopo sing gelem ngaji”

Monggo niki Allah SWT sampun jamin. Allah SWT boten badhe mbodhoni. Mila saking menika kula wangsuli malih dhateng putra-putra santri lan wali-wali santri ingkang badhe ngaosaken putranipun ampun alit manah.

Wong Qur’an semono kandele 30 juz kok dikon ngaji, iku pirang tahun khatame. Ampun ngantos kuwatos kados ngoten. Allah SWT menjamin, Gusti Rasul ugi sampun njamin. Sampeyan ngandel boten ngandel niku pancen Nabi panjenengan, Pengeran panjenengan, nggih panjenengan piyambak sing boten ngandel.

Menika ingkang saged kula aturake, keranten napa menika suwara kula serak kados ngeten menika ketelasan suwanten napa pancen suwara speker ingkang kirang sae, wallahu a’lam.

Pramila saking menika kula cekapaken. Mugi-mugi senahosa namung sak kalimah kalih kalimah wonten berkah lan manfaatipun. Ing wasana wallahul muwaffiq illa aqwamit-thariq.

_Wassalamu’alaikum Wr. Wb._

*SMPQTYQ* _1 Pati, 21 November 2017_
Dinarasikan oleh:
*Ustadz Suwandi* _(Tata Usaha Milenial)_

Tidak ada komentar:

Posting Komentar