ABDUL HAMID MUDJIB HAMID BERSHOLAWAT

Senin, 02 April 2018

Pesan Mbah KH.Maimoen Zubeir Tentang Jangan Sombong:

Pesan Mbah KH.Maimoen Zubeir Tentang Jangan Sombong:
===========
-Wong iku senajan kyai Ojo sombong marang wong kang dudu turunan kyai. Kerono kadang sing gak turun kyai iso dadi kyai, sing turun kyai malah Ora dadi kyai...

يخرج الحي من الميت ويخرج الميت من الحي... ويحيي الأرض بعد موتها...

Nabi Ibrohim iku duwe bojo telu:
1. Saroh kang nurunke Nabi Ishaq.
2. Hajar kang nurunke Nabi Ismail.
3. Ummi Madyan, senajan Ora duwe anak nabi, ananging akhire duwe turunan kang aran Nabi Syuaib kang dadi morotuwane Nabi Musa.

Delokto, Nabi sing Gowo nur Muhammad iku nabi Ismail, ananging Kerono  Nabi Ishaq iku dadi siji Karo nabi Ismail Ing Ndalem gegere Nabi Ibrohim mongko anak-anake Nabi Ishaq do dadi Nabi lan ono sing dadi Ulul Azmi..

-Kabeh Driji iku parake Nang jempolan...Kerono Iku jempol bentuke Dewe Karo Driji papat liyane...

Wong iku kudu ngerti papat papat, tapi kudu eling perkoro siji sing dadi pokok...Paham Cong....

Sarene kudu ngerti papat -papat, sholat ugo ono lakon papat: Ngadek, Rukuk, Sujud, lan Lungguh.

Iku sing rupo lelakon, semono ugo kang rupo ucapan Yo perkoro papat: Ono Fathah, Kasroh, Dlommah lan sukun..

Urip alam donyo ugo bhutuhno perkoro papat: Banyu, Lebu, Angin, Geni.

Menungso ugo ngandung perkoro papat: Sukmo kang digowo bapak, Rogo songko Ibu, Nyowo kang ditumpangke sukmo songko ALLOH, lan ngelmu kang dititipno Pengeran kawit lahir kang den arani "Purwaning Waseso".

-Apike Sholat Iku Didelok Songko Apike Wudlu. Kerono Iku Ayat Kang Nuduhno Sholat Dibarengke Karo Perintah Wudlu".

يا أيها الذين آمنوا إذا قمتم إلى الصلاة فاغسلوا وجوهكم وأيديكم إلى المرافق وامسحوا برءوسكم وأرجلكم إلى الكعبين (المائدة:٦).

"Perintah Agomo Nang Sholat Dudu Mong Nglakoni Sholat, Ananging Ngedekno Sholat. Ngedekno Iku Koyo Dene Gendero Kang Dipasang Nang Tiang. Maknane Yen Sholat Wis Bagus, Mongko Bakal Ngrekso Wong Kang Sholat Mau. Kerono Iku, Ayat Sakdurunge Nerangno Wong Kang Den Rekso".

والمحصنات من المؤمنات....(المائدة:٥)

Dawuhe Syaikhina Maimoen Zubair Saat Ngaji Tafsir Jalalain Ahadan, Ahad Kliwon, 12 Robiul Akhir 1439 H/ 31 Desember 2017 M.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar