ABDUL HAMID MUDJIB HAMID BERSHOLAWAT

Minggu, 23 Desember 2012

TERJEMAH 'AQIDATUL AWWAM/Dasar-Dasar 'Aqidah(Terjemah Bhs Indonesia Dan Bhs Jawa)

  ----------------------------------------
Terjemmah 'AQIDATUL AWWAM (Dasar-Dasar 'Aqidah / Keimanan)

============================
الشيخ أحمد المرزوقي المالكي
ٍ Asy-Syeikh Ahmad Al-Marzuqi Al-Maliki RA
============================
أَبـْـدَأُ بِـاسْمِ اللهِ وَالـرَّحْـمَنِ
وَبِـالـرَّحِـيـْمِ دَائِـمِ اْلإِحْـسَانِ
Saya memulai dengan nama Alloh, Dzat yang maha pengasih, dan Maha Penyayang yang senatiasa memberikan kenikmatan tiada putusnya'
============================


Kiyai nadzim assayid Ahmad Marzuki RA dawuh mekaten surahosipun : kulo nganggit kitab meniko kulo wiwiti kanti tabarruk kalian asmane gusti Alloh ta’ala lan kanthi nyebut Dzat ingkang welas (ind dalem dunyo lan akhirat) tur asih (ing dalem akhirat beloko) ingkang langgeng menggah kesahesannipun.
 
فَالْـحَـمْـدُ ِللهِ الْـقَدِيْمِ اْلأَوَّلِ اْلآخِـرِ الْـبَـاقِـيْ بِلاَ تَـحَـوُّلِ
Maka segala puji bagi Alloh Yang Maha Dahulu, Yang Maha Awal, Yang Maha Akhir, Yang Maha Tetap tanpa ada perubahan.
=============================
Kiyai nadzim sakderengipun andhawuhaken menopo ingkang bade kadhawuhaken, langkung rumiyin kiyai nadzim muji dateng Gusti  Alloh ta’ala ingkang kagungan sifat qodim, awwal, akhir, baqo’ ingkang mboten wonten perubahan.
============================== 

ثُـمَّ الـصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ سَرْمَـدَ ا عَـلَـى الـنَّـبِيِّ خَيْرِ مَنْ قَدْ وَحَّدَا
Kemudian, semoga sholawat dan salam senantiasa tercurahkan pada Nabi sebaik-baiknya orang yang mengEsakan Alloh.



وَآلِهِ وَصَـحْـبِهِ وَمَـنْ تَـبِـعْ سَـبِـيْلَ دِيْنِ الْحَقِّ غَيْرَ مُـبْـتَدِعْ
Dan keluarganya, para sahabatnya dan orang-orang yang mengikuti jalan agama secara benar bukan orang-orang yang berbuat sasar.
Sak sampunipun muji dateng Alloh ta’ala, kiyai nadzim lajeng nyuwun mugi-mugirohmat ta’dzim lan rubo-rubo/ keselametan nipun Alloh tetepo sa’ lami-lami nipun dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, serto lumeber dateng sedoyo kawulo wergo lan sohabat ipun dalah sinten kimawon ingkang sami nderek mergi agami ingkang leres sangking golongan ahli sunah wal jama’ah sanes golongan ahli bid’ah.
========================

وَبَـعْـدُ فَاعْلَمْ بِوُجُوْبِ الْمَعْرِفَـهْ مِنْ وَاجِـبٍ ِللهِ عِـشْرِيْنَ صِفَـهْ
Dan setelahnya ketahuilah dengan yakin bahwa Alloh itu mempunyai 20 sifat wajib.


Sak sampunipun mahos basmalah, hamdalah lan sholawat, kiyai nadzim lajeng dhawuh, bilih sedoyo tiyang mukallaf (tegese ‘aqil balligh) jaler utawi istri puniko wajib nyumerapi sifat wajib ipun Alloh ingkang katahipun kalih doso. Sinten kimawon ingkang mboten nyumerapi sifat kalih doso wahu, piyambak ipun taksih tinaterapan dosa.



فَـاللهُ مَـوْجُـوْدٌ قَـدِيْمٌ بَاقِـي مُخَـالِـفٌ لِلْـخَـلْقِ بِاْلإِطْـلاَقِ
Alloh itu Ada, Qodim, Baqi dan berbeda dengan makhlukNya secara mutlak

وَقَـائِمٌ غَـنِـيْ وَوَاحِـدٌ وَحَيّ قَـادِرٌ مُـرِيـْدٌ عَـالِمٌ بِكُلِّ شَيْ
Berdiri sendiri, Maha Kaya, Maha Esa, Maha Hidup, Maha Kuasa, Maha Menghendaki, Maha Mengetahui atas segala sesuatu

سَـمِـيْعٌ الْبَـصِيْـرُ والْمُتَكَلِـمُ لَهُ صِفَـاتٌ سَـبْـعَـةٌ تَـنْـتَظِمُ
Maha Mendengar, Maha Melihat, Maha Berbicara, Alloh mempunyai 7 sifat yang tersusun

فَـقُـدْرَةٌ إِرَادَةٌ سَـمْـعٌ بَصَـرْ حَـيَـاةٌ الْـعِلْـمُ كَلاَمٌ اسْـتَمَرْ
yaitu Berkuasa, Menghendaki, Mendengar, Melihat, Hidup, Mempunyai Ilmu, Berbicara
Dengan ayat kalam-nya

وَ جَـائـِزٌ بِـفَـضْـلِهِ وَ عَدْلِهِ تَـرْكٌ لِـكُـلِّ مُمْـكِـنٍ كَفِعْلِهِ
Dengan karunia dan keadilanNya, Alloh memiliki sifat boleh (wenang) yaitu boleh mengerjakan sesuatu atau meninggalkannya'


Tiyang mukallaf meniko kejawi kewajiban niqodaken sifat wajibe Alloh ta’ala ingkang kalih doso ing ngajeng wahu, ugi kewajiban niqodaken sifat ja’iz ipun.

Teges ipun gusti Alloh ta’ala kagungan wewenang damel lan mboten damel. Dados upami Alloh ta’ala paring ganjaran dateng tiyang ingkang ta’at puniko inggih namung mligi saking fadlol, upami nyikso tiyang ingkang dosa puniko inggih namung sangking ke’adilane Alloh.

========================



Saben tiyang mukallaf ugi kewajiban niqodaken sifat wajibe poro Rosul ingkang sekawan cacahipun.

Poro anbiya’(Nabi-Nabi) ingkang sanes ipun poro Rosul ugi kagungan sifat wajib kados sifat wajibe poro Rosul, nanging sanes ipun sifat tabligh.



أَرْسَـلَ أَنْـبِيَا ذَوِي فَـطَـانَـهْ بِالصِّـدْقِ وَالـتَّـبْلِـيْغِ وَاْلأَمَانَهْ
Alloh telah mengutus para nabi yang memiliki 4 sifat yang wajib yaitu cerdas, jujur, menyampaikan (risalah) dan dipercaya.
=======================

وَجَـائِزٌ فِي حَقِّـهِمْ مِنْ عَـرَضِ بِغَـيْـرِ نَقْصٍ كَخَفِيْفِ الْمَـرَضِ
Dan boleh didalam hak Rosul dari sifat manusia tanpa mengurangi derajatnya,misalnya sakit yang ringan.


Tiyang mukallaf wajib neqodaken sifat wenange poro Rosul ingkang setunggal, inggih puniko : poro Rosul mumkin ketratrapan sifat-sifat ingkang tumatrap dateng menungso bioso. Asal sakinten mboten dados sebab ipun sudone derajat. Kados dahar, sare, gerah entheng/ringan lan sapinunggale.
 
عِصْـمَـتُهُمْ كَسَـائِرِ الْمَلاَئِـكَهْ وَاجِـبَـةٌ وَفَـاضَلُوا الْـمَـلاَئِكَهْ
Mereka mendapat penjagaan Alloh (dari perbuatan dosa) seperti para
malaikat seluruhnya. (Penjagaan itu) wajib bahkan para Nabi lebih utama
dari para malaikat.


Tiyang  mukallaf, jaler, istri, wajib niqodaken bilih poro anbiya’ lan mursalin puniko ma’shum, tegesipun rinekso saking dosa, mekaten ugi sedoyo malaikat,dene pangkat ipun anbiya’ lan mursalin Puniko sak nginggil ipun poro malaikat.


وَالْـمُسْـتَحِيْلُ ضِدُّ كُـلِّ وَاجِبِ فَـاحْـفَظْ لِخَمْسِيْنَ بِحُكْمٍ وَاجِبِ
Dan sifat mustahil adalah lawan dari sifat yang wajib maka hafalkanlah 50 sifat itu sebagai ketentuan yang wajib.


Tiyang  mukallaf puniko kewajiban niqodaken sifat mohale Gusti Alloh lan sifat mohale poro Rosul. Dene wilanganipun sifat-sifat mohal puniko sami kaliyan wilangane sifat wajib, awit sifat mohal puniko lelawanipun sifat wajib. Milo lajeng wonten dhawuh : tiyang mukallaf wajib ngapalaken ‘aqoid seket (50), jalaran itanganipun mekaten :
Sifat wajibe Alloh ta’ala kalih doso (20)
Sifat mohale Alloh ta’ala kalih doso (20);
Sifat wajibe poro Rosul sekawan ( 4);
Sifat mohale poro Rosul sekawan ( 4);
Sifat ja’ize Alloh ta’ala setunggal ( 1);
Sifat jaize poro rosul setunggal (1);
Dados jumlahe wonten seket (50).
  ==================================



تَـفْصِيْـلُ خَمْسَةٍ وَعِشْرِيْـنَ لَزِمْ كُـلَّ مُـكَـلَّـفٍ فَحَقِّقْ وَاغْـتَنِمْ
Adapun rincian nama para Rosul ada 25 itu wajib diketahui bagi setiap mukallaf, maka yakinilah dan ambilah keuntungannya.

Saben-saben tiyang mukallaf puniko wajib nyumerapi setunggal-setunggal-le asmane poro Rosul ingkang selangkung(25). Dene sanes ipun ingkang selangkung, tiyeng mukallaf namung wajib nyumerapi kanti ijmali/global/umum.  Teges ipun niqodake bilih Alloh ta’ala puniko kagungan nabi lan rosul katah. Dene nami-nami nipun poro rosul ingkang selangkung, kados ingkang kasebat ing ngandap puniko:
هُمْ آدَمُ اِدْرِيْسُ نُوْحٌ هُـوْدٌ مَـعْ صَالِـحْ وَإِبْرَاهِـيْـمُ كُـلٌّ مُـتَّبَعْ
Mereka adalah Nabi Adam, Idris, Nuh, Hud serta Sholeh, Ibrahim ( yang masing-masing diikuti berikutnya)

لُوْطٌ وَاِسْـمَاعِيْلُ اِسْحَاقٌ كَـذَا يَعْـقُوْبُ يُوْسُفٌ وَأَيـُّوْبُ احْتَذَى
Luth, Ismail dan Ishaq demikian pula Ya'qub, Yusuf dan Ayyub dan selanjutnya

شُعَيْبُ هَارُوْنُ وَمُوْسَى وَالْـيَسَعْ ذُو الْكِـفْلِ دَاوُدُ سُلَيْمانُ اتَّـبَـعْ
Syuaib, Harun, Musa dan Alyasa', Dzulkifli, Dawud, Sulaiman yang diikuti

إلْـيَـاسُ يُوْنُسْ زَكَرِيـَّا يَحْيَى عِـيْسَـى وَطَـهَ خَاتِمٌ دَعْ غَـيَّا
Ilyas, Yunus, Zakaria, Yahya, Isa dan Thaha (Muhammad) sebagai penutup, maka tinggalkanlah jalan yang menyimpang dari kebenaran

عَلَـيْـهِـمُ الصَّـلاةُ والسَّـلامُ وآلِهِـمْ مـَـا دَامَـتِ اْلأَيـَّـامُ
Semoga sholawat dan salam terkumpulkan pada mereka dan keluarga mereka sepanjang masa.
======================

وَالْـمَـلَكُ الَّـذِي بِلاَ أَبٍ وَأُمْ لاَ أَكْـلَ لاَ شـُرْبَ وَلاَ نَوْمَ لَهُمْ
Adapun para malaikat itu tetap tanpa bapak dan ibu, tidak makan dan tidak minum serta tidak tidur.


Tiyang mukallaf puniko wajib niqodaken bilih malaikat puniko katitahaken mboten mawi lantaran bapak ugi mboten lantaran ibu. Panjenengane poro malaikat poniko mboten jaler lan mboten istri lan ugi mboten wandu. Panjenenganipun poro malaikat poniko mboten dhahar, mboten ngunjuk lan mboten sare.
  =========================


Tiyang mukallaf puniko wajib neqodaken bilih Alloh ta’ala puniko kagungan malaikat kathah sanget. Sedoyo kolo wahu, kito namung wajib neqodaken kanti ijmali, kejawi ingkang sedoso (10). Menawi ingkang sedoso (10),  kito wajib neqodaken kanti tafshili, kanti kedah mangertosi nami-nami nipun. Dene kateranganipun malaikat sedoso, kados ing ngandap puniko:

تَفْـصِـيْلُ عَشْرٍ مِنْهُمُ جِبْرِيْـلُ مِـيْـكَـالُ اِسْـرَافِيْلُ عِزْرَائِـيْلُ
Secara terperinci mereka ada 10, yaitu Jibril, Mikail, Isrofil, dan Izroil

مُـنْـكَرْ نَـكِـيْرٌ وَرَقِيْبٌ وَكَذَا عَـتِـيْدُ مَالِكٌ وَرِضْوَانُ احْتـَذَى
Munkar, Nakiir, dan Roqiib, demikian pula ‘Atiid, Maalik, dan Ridwan dan selanjutnya.
====================

أَرْبَـعَـةٌ مِنْ كُتُبٍ تَـفْصِيْـلُهَا تَـوْارَةُ مُـوْسَى بِالْهُدَى تَـنْـزِيْلُهَا
Empat dari Kitab-Kitab Suci Allah secara terperinci adalah Taurat bagi Nabi Musa diturunkan dengan membawa petunjuk.

زَبُـوْرُ دَاوُدَ وَاِنْـجِـيْـلٌ عَلَى عِيْـسَى وَفُـرْقَانٌ عَلَى خَيْرِ الْمَـلاَ
Zabur bagi Nabi Dawud dan Injil bagi Nabi Isa dan AlQur’an bagi sebaik-baik kaum (Nabi Muhammad SAW).


Tiyang mukallaf puniko wajib neqodaken kitab suci sekawan(4) kanti nyumerapi nami-nami nipun. Dene sanes ipun sekawan puniko kito inggih wajib neqodaken, nanging cekap kanti ijmali kimawon. Kitab suci sekawan kolo wahu inggih puniko :
1.    kitab taurot katurunaken dateng kanjeng Nabi Musa;
2.    kitab zabur katurunaken dateng kanjeng Nabi Dawud;
3.    kitab injil katurunaken dateng kanjeng Nabi Isa;
4.    kitab Al-Qur’an katurunaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW.
  =============================


وَصُحُـفُ الْـخَـلِيْلِ وَالْكَلِيْـمِ فِيْـهَـا كَلاَمُ الْـحَـكَمِ الْعَلِيْـمِ
Dan lembaran-lembaran (Shuhuf) suci yang diturunkan untuk AlKholil
(Nabi Ibrohim) dan AlKaliim (Nabi Musa) mengandung Perkataan dari Yang
Maha Bijaksana dan Maha Mengetahui.


Tiyang mukallaf puniko ugi wajib neqodaken bilih Alloh ta’ala nurunaken pinten-pinten lampiran(suhuf) ingkang dipun paringaken dateng nabi Ibrohim lan nabi Musa ingkang ing lampiran kolo wahu isi dhawuh-dhawuhipun Alloh ta’ala. Nangin anggen kito neqodaken cekap kanti ijmali kimawon. Kito mboten wajib nyumerapi pinten-pinten lampiran ipun.
  ==================================

وَكُـلُّ مَـا أَتَى بِهِ الـرَّسُـوْلُ فَحَـقُّـهُ الـتَّـسْـلِـيْمُ وَالْقَبُوْلُ
Dan segala apa-apa yang disampaikan oleh Rosulullah, maka kita wajib pasrah dan menerima.


Menopo kimawon ingkang dipun dhawuhaken dhining kanjeng Nabi, kito tiyang mukallaf wajib ngeleresaken lan nampi kanti tundhuk.
  ==================================


إِيـْمَـانُـنَا بِـيَـوْمِ آخِرٍ وَجَبْ وَكُـلِّ مَـا كَـانَ بِـهِ مِنَ الْعَجَبْ
Keimanan kita kepada Hari Akhir hukumnya wajib, dan segala perkara yang dahsyat pada Hari Akhir.


Kito tiyang mukallaf wajib neqodaken dateng badhe dumuginipun dinten qiyamat, punopo dene samudoyo perkawis ingkang anggawokaken ingkang wujud wonten ing dinten qiyamat kolo wahu. Kados wonten ipun oro-oro mahsyar, hisab, uwot shirotol mustaqim, teraju, surgo neroko lan sak panunggale. Milo dinten qiyamat dipun westani dinten akhir, jalaran sakba’danipun puniko sampun mboten wonten dalu melih.
 

خَـاتِمَةٌ فِي ذِكْرِ بَاقِي الْوَاجِـبِ مِمَّـا عَـلَى مُكَـلَّفٍ مِنْ وَاجِـبِ
Sebagai penutup untuk menerangkan ketetapan yang wajib, dari hal yang menjadi kewajiban bagi mukallaf.


Katerangan ing ngandhap puniko minongko pungkasan, ingkang nerangake ugi perkawis ingkang wajib kateqodaken dhining kito tiyang mukallaf.


نَـبِـيُّـنَـا مُحَمَّدٌ قَـدْ أُرْسِلاَ لِلْـعَالَمِـيْـنَ رَحْـمَـةً وَفُضِّلاَ
Nabi kita Muhammad telah diutus untuk seluruh alam sebagai Rahmat dan keutamaan diberikan kepada beliau SAW melebihi semua.


Kito tiyang mukallaf puniko wajib neqodaken bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW puniko dipun utus andumugi’aken dhawuh-dhawuh dalem Alloh ta’ala dateng sedoyo menungso lan jin sak ngalam dunyo puniko, malah-malah ngantos dumugi nipun poro malaikat. Lan kito wajib neqodaken bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW puniko langkung utami-utami-nipun poro Nabi lan poro Rosul.
  ===============================

أَبـُوْهُ عَـبْدُ اللهِ عَبْدُ الْمُطَّلِـبْ وَهَـاشِمٌ عَبْـدُ مَنَافٍ يَـنْـتَسِبْ
Ayahnya bernama Abdullah putera Abdul Mutthalib, dan nasabnya bersambung kepada Hasyim putera Abdu Manaf.


Kito tiyang mukallaf wajib nyumerapi nasab-nasab-ipun kanjeng Nabi sangking urutan romo/ bopo lan sangking urutan ibu/ biyung. Sangking urutan romo ngantos dumugi Raden ‘Adnan. Bilih sangking urutan ibu cekap namung dumugi Raden Kilab. Kateranganipun mekaten : saking urutan romo : kanjeng Nabi Muhammad SAW putero Sayyid ‘Abdulloh bin ‘Abdul mutthollib bin Hasyim bin ‘Abdi Manaf bin Qusyoi bin Kilab bin Murroh bin Ka’ab bin Lu’ay bin Gholib bin Fihir bin Malik bin Nadlr bin Kinanah bin Huzaimah bin Mudrikah bin Ilyas bin Mudlor bin Nizar bin Ma’ad bin ‘Adnan. Sangking urutan ibu : kanjeng Nabi Muhammad SAW putero Sayidatina Aminah binti wahb bin ‘Abdi Manaf bin Zuhroh bin Kilab.
 

وَأُمُّـهُ آمِـنَـةُ الـزُّهْـرِيـَّـهْ أَرْضَـعَـهُ حَـلِيْمَـةُ السَّعْدِيـَّهْ
Dan ibunya bernama Aminah Az-Zuhriyyah, yang menyusui beliau adalah Halimah As-Sa’diyyah

مـَوْلِدُهُ بِـمَـكَـةَ اْلأَمِيْـنَـهْ وَفَـاتُـهُ بِـطَـيْـبَةَ الْـمَدِيْنَهْ
Lahirnya di Makkah yang aman, dan wafatnya di Toiybah (Madinah).


Kito tiyang mukallaf wajib ngertos lan neqodaken bilih kanjeng Nabi puniko dzohir/ lahir wonten ing mekkah, wafat wonten ing madinah.
 

أَتَـمَّ قَـبْـلَ الْـوَحِيِ أرْبَعِيْنَا وَعُمْـرُهُ قَـدْ جَـاوَزَ الـسِّـتِّيْنَا
Sebelum turun wahyu, nabi Muhammad telah sempurna berumur 40 tahun, dan usia beliau 60 tahun lebih.


Kanjeng Nabi puniko naliko wiwit nampi wahyu yuswo sekawan doso (40) tahun. Dene yuswo nipun kanjeng Nabi puniko langkung saking sewidak (60) tahun, inggih puniko sewidak tigo (63) tahun.
=============
 

وسـَبْـعَةٌ أَوْلاَدُهُ فَـمِـنْـهُـمُ ثَلاَثَـةٌ مِـنَ الـذُّكُـوْرِ تُـفْهَمُ
Ada 7 orang putera-puteri nabi Muhammad, diantara mereka 3 orang laki-laki, maka pahamilah itu

قـَاسِـمْ وَعَـبْدُ اللهِ وَهْوَ الطَّيـِّبُ وَطَـاهِـرٌ بِـذَيْـنِ ذَا يُـلَقَّبُ
Qasim dan Abdullah yang bergelar At-Thoyyib dan At-Thohir, dengan 2
sebutan inilah (At-Thoyyib dan At-Thohir) Abdullah diberi gelar

أَتَـاهُ إِبـْرَاهِـيْـمُ مِنْ سَـرِيـَّهْ فَأُمُّهُ مَارِيـَةُ الْـقِـبْـطِـيَّـهْ
Anak yang ketiga bernama Ibrohim dari Sariyyah (Amat perempuan), ibunya (Ibrohim) bernama Mariyah Al-Qibtiyyah

وَغَـيْـرُ إِبـْرَاهِيْمَ مِنْ خَـدِيْجَهْ هُمْ سِتَـةٌ فَـخُـذْ بِـهِمْ وَلِـيْجَهْ
Selain Ibrohim, ibu putera-puteri Nabi Muhammad berasal dari Khodijah,
mereka ada 6 orang (selain Ibrohim), maka kenalilah dengan penuh cinta

وَأَرْبَعٌ مِـنَ اْلإِنـَاثِ تُـذْكَـرُ رِضْـوَانُ رَبِّـي لِلْـجَـمِـيْعِ يُذْكَرُ
Dan 4 orang anak perempuan Nabi akan disebutkan, semoga keridhoan Allah untuk mereka semua

فَـاطِـمَـةُ الزَّهْرَاءُ بَعْلُهَا عَلِيْ وَابـْنـَاهُمَا السِّبْطَانِ فَضْلُهُمْ جَلِيْ
Fatimah Az-Zahro yang bersuamikan Ali bin Abi Tholib, dan kedua putera
mereka (Hasan dan Husein) adalah cucu Nabi yang sudah jelas keutamaanya

فَـزَيْـنَـبٌ وبَـعْـدَهَـا رُقَـيَّـهْ وَأُمُّ كُـلْـثُـوْمٍ زَكَـتْ رَضِيَّهْ
Kemudian Zaenab dan selanjutnya Ruqayyah, dan Ummu Kultsum yang suci lagi diridhoi.


Puteronipun kanjeng Nabi Muhammad SAW puniko wonten pitu (7); Dene ingkang kakung wonten tigo (3), ingkang putri sekawan (4), sedoyo kolo wahu kito tiyang mukallaf prayugi nyumerapi nami-nami-nipun, ing ngandap puniko katerangan nipun nami-nami mawi urutan sepuh anem ipun :
1.    Sayyid Qosim;
2.    Siti Zainab;
3.    Siti Ruqoyyah;
4.    Siti Ummi kulsum;
5.    Siti Fathimah;
6.    Sayyid Abdulloh;
7.    Sayyid Ibrohim.
 


Dene Sayyid thoyyib lan Sayyid thohir puniko namung laqob(julukan), teges ipun nami julukan tumraping Sayidina ‘Abdulloh. Putro pitu kolo wahu sedoyo saking ibu siti Khodijah RA, kejawi Sayyid Ibrohim ingkang saking siti Mariyah al-Qibthiyyah.

=======================
عَـنْ تِسْـعِ نِسْوَةٍ وَفَاةُ الْمُصْطَفَى خُـيِّـرْنَ فَاخْـتَرْنَ النَّـبِيَّ الْمُقْتَفَى
Dari 9 istri Nabi ditinggalkan setelah wafatnya, mereka semua telah
diminta memilih syurga atu dunia, maka mereka memilih nabi sebagai
panutan

عَـائِـشَـةٌ وَحَـفْصَةٌ وَسَـوْدَةُ صَـفِـيَّـةٌ مَـيْـمُـوْنَةٌ وَ رَمْلَةُ
Aisyah, Hafshah, dan Saudah, Shofiyyah, Maimunah, dan Romlah

هِنْـدٌ وَ زَيْـنَبٌ كَـذَا جُوَيـْرِيَهْ لِلْـمُـؤْمِنِيْنَ أُمَّـهَاتٌ مَرْضِيَهْ
Hindun dan Zaenab, begitu pula Juwairiyyah, Bagi kaum Mu’minin mereka menjadi ibu-ibu y`ng diridhoi.


Kanjeng Nabi Muhammad SAW puniko naliko wafat nilar garwo katahhipun songo (9), garwo songo puniko rumiyin nate kapurih milih : punopo remen surgo punopo remen pepahes dunyo. Sedoyo wahu sami milih surgo, inggih puniko milih anut dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Garwo nipun kanjeng Nabi ingkang songo (9), inggih puniko :
1.    Siti ‘Aisyah;
2.    Siti Hafshoh;
3.    Siti Saudah;
4.    Siti Shofiyyah;
5.    Siti Maimunah;
6.    Siti Romlah;
7.    Siti Hindun;
8.    Siti Zaenab;
9.    Siti Juwaeriyyah.

Sedoyo wahu, minongko dados ibu tumrape tiyang mukmin (Ummahatul Mukminin). Teges ipun bilih poro mukmin kedah mulya’aken, ngegung-aken lan mboten halal nikahi.
  -------------------------------------------



حَـمْـزَةُ عَـمُّـهُ وعَـبَّـاسٌ كَذَا عَمَّـتُـهُ صَـفِيَّـةٌ ذَاتُ احْتِذَا
Hamzah adalah Paman Nabi demikian pula ‘Abbas, Bibi Nabi adalah Shofiyyah yang mengikuti Nabi.


Romo pamanipun kanjeng Nabi SAW, puniko wonten kalih welas (12), ingkang masyhur kalih, inggih puniko : Sayyidina Hamzah lan Sayyidina ‘Abbas. Dene ibu  Lek? Bibi - ipun kanjeng Nabi puniko wonten nenem (6), ingkang masyhur setunggal, inggih puniko : Siti Shofiyyah.
  =====================

وَقَـبْـلَ هِـجْـرَةِ النَّـبِيِّ اْلإِسْرَا مِـنْ مَـكَّـةٍ لَيْلاً لِقُدْسٍ يُدْرَى
Dan sebelum Nabi Hijrah (ke Madinah), terjadi peristiwa Isro’. Dari
Makkah pada malam hari menuju Baitul Maqdis yang dapat dilihat.


Kito tiyang mukallaf wajib neqodaken bilih kanjen Nabi Muhammad SAW puniko nate dipun isro’aken lan dipun mi’rojaken. Dene peristiwa isro’ mi’roj puniko sak derengipun hijrohipun kanjeng Nabi kirang setahun. Isro’ tegesipun tindak ipun kanjeng Nabi ing wekdal dalu sangking mekkah dumugi baitul maqdis. Mi’roj : teges ipun tindak minggah ipun kanjeng Nabi dateng langit  sap pitu ngantos dumugi sidrotul muntaha lan al-mustawa. Naliko kanjeng Nabi mi’roj, kanjeng Nabi nampi dhawuh saking Pengeran : supados kanjeng Nabi  sak umat-ipun  sami ngelampahi  sholat gansal wekdal (5 waktu). Naliko kanjeng Nabi mi’roj, kanjeng Nabi saget ningali dateng Pengeran nanging ningali nipun tanpo saget kinoyo nopo.
  ===========================

بَـعْـدَ إِسْـرَاءٍ عُـرُوْجٌ لِلـسَّمَا حَتىَّ رَأَى الـنَّـبِـيُّ رَبـًّا كَـلَّمَا
Setelah Isro’ lalu Mi’roj (naik) keatas sehingga Nabi melihat Tuhan yang berkata-kata

مِنْ غَيْرِ كَيْفٍ وَانْحِصَارٍ وَافْـتَرَضْ عَـلَـيْهِ خَمْساً بَعْدَ خَمْسِيْنَ فَرَضْ
Berkata-kata tanpa bentuk dan ruang. Disinilah diwajibkan kepadanya (sholat) 5 waktu yang sebelumnya 50 waktu.


Kito tiyang mukallaf wajib neqodaken bilih sak sampun ipun isro’, kanjeng Nabi sampun dumugi’aken khobar bab isro’ipun lan anggen ipun dipun fardlu aken sholat gansal wektu.
  ==========================================

وَبَــلَّـغَ اْلأُمَّــةَ بِـاْلإِسـْرَاءِ وَفَـرْضِ خَـمْـسَةٍ بِلاَ امْتِرَاءِ
Dan Nabi telah menyampaikan kepada umat peristiwa Isro’ tersebut. Dan kewajiban sholat 5 waktu tanpa keraguan

قَـدْ فَـازَ صِـدِّيْقٌ بِتَـصْدِيْقٍ لَـهُ وَبِـالْـعُرُوْجِ الصِّدْقُ وَافَى أَهْلَهُ
Sungguh beruntung sahabat Abubakar As-Shiddiq dengan membenarkan
peristiwa tersebut, juga peristiwa Mi’raj yang sudah sepantasnya
kebenaran itu disandang bagi pelaku Isro’ Mi’roj.


Sayyidina Abu Bakar As-shiddiq puniko tiyang ingkang begjo kemayangan, sebab anggen ipun pitados dateng isro’ lan mi’roj ipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
  ========================

وَهَــذِهِ عَـقِـيْـدَةٌ مُـخْـتَصَرَهْ وَلِـلْـعَـوَامِ سَـهْـلَةٌ مُيَسَّرَهْ
Inilah keterangan Aqidah secara ringkas bagi orang-orang awam yang mudah dan gampang.


Puniko kitab nerangaken mu’taqod kanti  ringkes  tur  inggih gampil wah  mayar  tumeraping  ingkang  nembe  bibinahu.
  ======================

نـَاظِـمُ تِلْـكَ أَحْـمَدُ الْمَرْزُوقِيْ مَـنْ يَنْـتَمِي لِلصَّادِقِ الْمَصْدُوْقِ
Yang di nadhomkan oleh Ahmad Al Marzuqi, seorang yang bernisbat kepada Nabi Muhammad (As-Shodiqul Mashduq).


Dene tiyang ingkang damel nadzom puniko, inggih puniko : Sayyid Ahmad Marzuqi ingkang taksih hubungan nasab kalayan kanjeng Nabi Muhammad SAW.
  ========================

وَ الْحَـمْـدُ ِللهِ وَصَـلَّى سَـلَّمَا عَلَـى النَّبِيِّ خَيْرِ مَنْ قَدْ عَلَّمَا
Dan segala puji bagi Allah serta Sholawat dan Salam tercurahkan kepada Nabi sebaik-baik orang yang telah mengajar

وَاْلآلِ وَالـصَّـحْـبِ وَكُـلِّ مُرْشِدِ وَكُـلِّ مَـنْ بِخَيْرِ هَدْيٍ يَقْتَدِي
Juga kepada keluarga dan sahabat serta orang yang memberi petunjuk dan orang yang mengikuti petunjuk.


Kiyai Syeikh Ahmad Marzuqi muji al-hamdulillah lan ugi nuwunaken rohmat ta’dzim lan keselametan mugi-mugi  tetep langgeng dumateng kanjeng Nabi Muhammad sak kawulowargo, sohabat, sedoyo tiyang ingkang damel sahe, lan sedoyo tiyang ingkang midherek mergi ingkang sahe.
  ========================

وَأَسْـأَلُ الْكَـرِيْمَ إِخْـلاَصَ الْعَمَلْ ونَـفْـعَ كُـلِّ مَنْ بِهَا قَدِ اشْتَغَلْ
Dan saya mohon kepada Allah yang Maha Pemurah keikhlasan dalam beramal
dan manfaat bagi setiap orang yang berpegang teguh pada aqidah ini.


Kiyai Syeikh Ahmad Marzuqi, dungo mugi-mugi amal ipun dipun paringi ikhlas lan mugi-mugi kitab ipun ‘aqidah puniko saget manfa’ati  dateng sedoyo tiyang ingkang purun anggina’aken puniko ‘aqidah.
  ==========================

أبْيَاتُهَا ( مَـيْـزٌ ) بِـعَدِّ الْجُمَّلِ تَارِيْخُها ( لِيْ حَيُّ غُرٍّ ) جُمَّلِ
Nadhom ini ada 57 bait dengan hitungan abjad, tahun penulisannya 1258 Hijriah.


Bait ipun kitab ‘aqidah puniko wonten seket pitu (57), miturut itungan a ba jadun.  Jalaran mim puniko sekawan doso (40), ya’ sedoso (10), za’ pitu (7), jumlahe seket pitu (57). Dene titi mongso nipun khotam inggih puniko tahun 1257.
  ===================================

سَـمَّـيْـتُـهَا عَـقِـيْدَةَ الْـعَوَامِ مِـنْ وَاجِبٍ فِي الدِّيْنِ بِالتَّمَامِ
Aku namakan aqidah ini Aqidatul Awwam, keterangan yang wajib diketahui dalam urusan agama dengan sempurna.


Kiyai Syeikh Ahmad Marzuqi paring nami dateng kitab ipun puniko kanti nami : “’AQIDATUL AWAM” setunggaling kitab ingkang ngemut katerangan-katerangan ingkang wajib dipun sumerapi dening sedoyo tiyang mukallaf.
  ======================

Tidak ada komentar:

Posting Komentar